Katur Sang Sinuci.....
Dhuh Gusti, Sinuci sang Murbeng Dumadi....
Punapa ta kang saged kapantha, supados karsa endah rumeksa pinurba....
Kang putra marak sowan, nyuwun gunging palimirma,
Hamung samadya ingkang sakawit limrah kacetha...
Gunging karsa ingkang trus ing kalbu nedya kinarya,
Mugi dadosa berkah linuber katur kawula lan umat sadaya...
Punika dedonganing putra
Kawula, ingkang temtu asring kapilut ing linta-lintuning warna lan rasa
Kawula pasrahaken sadaya kang kinarya punika.
Sasaged-saged kawula ngupaya, asring kirang ndadosaken rena..
Nyuwun, mugi Sang Sinuci kang ndadosaken kencana.
Awit, Panjenengan ingkang lenggah dados sumbering sesotya kencana
Komentar
Posting Komentar